Piwucal saking Lagu Dolanan: Pitik Tukung

Piwucal saking Lagu Dolanan: Pitik Tukung

petarangan

petarangan

Aku duwe pitik pitik tukung

Saben dina tak pakani jagung

Petok gok gok petok petok ngendhog pitu

Tak ngremake netes telu

Kabeh pitik trondol dol tanpa wulu

Megal megol gol gawe guyu

Lagu dolanan punika estu endah dipun lagokaken, wiramanipun damel badan kepengin obah, polatan dados sumeh. Cobi manawi dipun lagokaken kanthi sikep badan sampurna kados upacara, tur polatan ugi swanten ingkang sedhih, alamak babar plas boten cocok. Sinaosa karipta kanthi prasaja, lagu dolanan kadosdene Pitik Tukung kasebat taksih tetep ngugemi guru lagu (ungelipun aksara ing pungkasan gatra/larik), tetep adamel nges ..ung, ung, u, u, u, u. Kathah dwija ingkang milah lagu dolanan dereng kalebet tembang, awit lagu dolanan punika nengenaken babagan lagu, dereng ngengingi tembang inggih basa sastra kang rinakit endah.

Menawi dipun gatosaken estu, tembang dolanan Pitik Tukung kasebat inggih mucal ngengingi katresnan dateng titah sanes, i.p. pitik, lajeng saged atur panuwun katur ingkang Sang Akarya ingkang nitahaken pitik. Nggadhahi open-open pitik ugi kedah karimat, dipun paring tetedan/pakan arupi jagung. Menawi boten purun ngopeni, “aja njagakake endhoge si blorok” boten bade wonten endhog/tigan punapa dene kuthuk. Ing wekdalipun gantos pitik ingkang ngrimati manungsa lumantar endhog saha dagingipun ingkang gurih.

Ukara kang karakit ugi saged tuladha mucal ilmu biologi, bilih pitik punika tumangkar lumantar endhog. Endhog kedah dipun engremi ing petarangan supados netes, lah saking endhog pitu boten sadaya netes, inggih namung telu/tiga, wonten wiji dados wonten wiji wurung, memucal ngengingi kasil ugi boten kasil. Ugi wonten hukum genetika ingkang kawengku, sipatipun jago tuwin babon embokipun dipun terasaken dhateng kuthuk anak pitik. Lagu punika ugi dados inspirasi adegipun pabrik pakan, mesin netesaken endhog/tigan, lah dumugi industrialisasi ugi. Saking lagu dolanan dados pebisnis anja.

Rak inggih endah lagu dolanan punika, sumangga kepareng paring pirsa lagu dolanan punapa ingkang panjenengan remeni? minangka sarana nguri-uri kabudayan adiluhung.

Pos ini dipublikasikan di Kawruh Sekar, Sekar Setaman dan tag , , , . Tandai permalink.

3 Balasan ke Piwucal saking Lagu Dolanan: Pitik Tukung

  1. Ping balik: Sekar Maskumambang | Wijikinanthi

  2. Lois berkata:

    Kula nembe mirengaken tembang pitik tukung ing YouTube, mathuk tenan nggih kangge jogetan. Sak menika in Melbourne mriki, tigan ayam ‘free range’ langkung dipunremeni. ‘Free range eggs’ menika tigan ayam negri ingkang mboten dipunsengker, namung dipunumbar ing pelataran. Ayam ingkang dipunternakaken ing kandhang alit-alit (kandhang baterai) menika nggih mesakaken sanget. mboten saget bebas mlampah, mboten saged ngrasaaken angetipun srengenge, dadosipun nggih mboten sehat. Yen ayamipun mboten sehat, tiganipun nggih kirang sae. Menapa ing Indonesia wonten tigan free range?
    ____
    Matur nuwun sanget Mbakyu, sampun keraya-raya kangen nembang Pitik Tukung sinambi jejogetan kaiiring youtube.
    Ing Indonesia tigan ayam umumipun kapilah dados tigan ‘ayam kampung’ ingkang kalebet ‘free range eggs’ lan ayam buras/horn.
    Mekaten ugi tigan bebek ugi wonten tigan kereman/kandangan kaliyan tigan ‘umbaran’ alias dipun umbar boten dipun kandang utawi ‘free range eggs’
    Reginipun ingkang free range eggs langkung awis, raosipun langkung gurih gempi, kuningipun manteb estu. Nuwun

    Suka

    • nyoman selem berkata:

      inggih mbak Lois & mbak Prih… menawi wonten kalangan penggemar produk organik, tigan free range panci ingkang dipun padosi (lan langkung awis)…tigan organik ingkang free range.. ayam ingkang happy punika saestu dados perhatianipun ugi saking kalangan vegetarian… wonten ugi ingkang pados tigan ingkang sanes produk pembuahan… lak tambah uangel niku tho… wonten malih ingkang reka-reka, damel tigan vegan, alias tigan ingkang sanes produk hewani…. kados pundi niku? … taksih pro kontra wonten kalangan vegan..
      ____
      Mangga mangga si pitik thukung setor tigan free range aias umbaran…..
      Manawi wonten tamu ingkang vegan, kanca ingkang bagian cecawis daharan ugi siyaga maneka dedaharan vegan. Menawi bosen pecel ugi baceman tahu tempe dipun cawisaken semacam ‘artificial meat’ ingkang kathah kasade ing Ngayogyakarta

      Suka

Sekar adi saking pamaos