Ariwarti lan Kalawarti
Jaman rumiyin rikala kula taksih alit wonten maneka warni ariwarti tuladhanipun Dharma Kandha, Dharma Nyata. Ariwarti mekaten serat kabar ingkang terbitipun saben dinten. Maneka rubrik ingkang dipun babar saking ingkang politik, babagan ekonomi ugi bab basa lan sastra.
Wonten malih kalawarti, inggih punika serat kabar mliginipun arupi majalah ingkang terbitipun kala mangsa ingkang sampun tartamtu umpaninipun minggon utawi wulanan. Ingkang kawentar inggih punika Panjebar Semangat saking kitha Surabaya ingkang taksih saged atur warta ngantos sakpunika. Rubrikipun inggih mawarni-warni, kula remen sanget kaliyan rubrik apa tumon…waosan ingkang adamel lucu bingah ugi nggemesaken.
Dene seratan ing blog punika tebih sanget saking ariposting, seratan ingkang dipun posting saben dinten. Lah posting minggon punapa dene wulanan kemawon boten saged. Raosipun malah kepara dwiwulanan. Sedya kawitan nyerat ing blog punika sageda minangka sarana sinau nggegulang basa Jawi, sokur dene saged mbereg para kadang sutresna budaya kagem sesarengan nyerat, sambung raos lumantar kolom komentar. Sinaosa estunipun tebih saking ancas, mugya boten kemba anggen kula sinau sastra budaya Jawi kanthi atur pasugatan seratan mirunggan, lah punika kalapostingan inggih postingan ingkang karacik kala mangsa saksagedipun panyerat. Nuwun