Kluwung ing Brayat

Kluwung ing Brayat

Kluwung ing Brayat

Pamaos Wijikinanthi, sugeng pepanggihan malih. Nyuwun pangapunten kang tengga blog boten nate atur pasugatan enggal. Hangaturaken panuwun katur para rawuh kang karsa maos blog punika.

Salah satunggaling wujud berkah inggih arupi brayat. Wonten brayat ingkang cekli inggih bapa, ibu, saha putra. Wonten ugi brayat kang rowa, makempal simbah/eyang, rama, ibu, putra, malah wayah. Saking brayat inti dados brayat ageng.

Minangka kempalaning pribadi, brayat ugi nggadhahi sifat kang mawarni-warni. Saben pribadi nyunaraken karakter pribadi kang benten boten sami. Sinaosa sagotrah nunggil rama ibu, tetep kemawon wonten karakter khas.

Punapa lajeng nuwuhaken dredah miwah congkrah? Tamtunipun boten. Saben manungsa karipta kanthi edipeni miturut karsa Hyang Maha Adi. Saben titah pinaringan sunaring jati.

Kadosdene ing pasugatan pamuji koor. Boten hanamung swara tunggal. Wonten harmoni saking sopran, alto, tenor, saha bass. Adamel endahing pamuji kekidungan utawi tetembangan.

Mekaten ugi, taman sekar kang nunggil rupa kang endah. Maneka warna sekar ugi ngetingalaken regeng. Boten adamel bosen, awit wontenipun wujud, rupi saha ganda kang maneka.

Brayat kadya kluwung (Pelangi, bahasa Indonesia). Nyunaraken mawarni ing spektrum warna. Saking satunggal kempalan berkas warna pethak lajeng milah rupi. Wonten abrit, jingga, jene kuning, ijo, ireng, biru, nila, sarta ungu.

Ugi warna paduan gradasi sakumpami kuning pucet, kuning ndog dadar, emas ngantos jingga. Nunggil sari benten sorot. Saben warni inggih nyunaraken kaendahan kang asumber saking warna jati. Warna kluwung kang nyunaraken bias saking surya utama.

Saben ningali kluwung kang medhal sakbibaring jawah. Mandheng kaelokan. Kadospundi saking bulir toya jawah kang nampi surya saking srengenge ngedalaken kluwung kang endah. Brayat minangka tuking kaendahan kakiyatan ing pagesangan.

Brayat dados beteng karosan. Jujugan rikala ngraosaken lungkrah. Papan wangsul saking lelampahan tebih lan ngrekaos. Ingkang kanthi tinarbuka nampi saben wargaming kang rumaos tinebihken dening kadang. Inggih brayat mujudaken tuking kabingahan ing sadengah kawontenan kang nggegirisi.

Sumangga hangrimati memetri kluwung ing brayat. Nuwun

Pos ini dipublikasikan di Kawruh Sapala dan tag , , . Tandai permalink.

Sekar adi saking pamaos