Sendhang, ngedalaken toya ingkang lumintu
Rikala alit, kula asring sanget dhateng sendhang, inggih saperlu adus pun ugi umbah-umbah. Wonten kang anami sendhang mbercangkring, mberdewi lsp. Dene ‘mber’ ing sakngajenging nami sendhang punika saking tembung sumber. Rikala samanten ing tlatah padunungan kula ing pereng Ardi Lawu taksih dereng wonten toya PAM, ingkang kagungan sumur ugi boten kathah lan ing mangsa ketiga toyanipun asring asat.
Sendhang mekaten mujudaken tuk kang ndadosaken toya megung ing sawijining ledokan, asring mapan ing ngandhap wit ageng kadosta wit ringin ing perenganing redi sisih ngandhap. Tuk ingkang mapan ing tlatah ingkang karimat inggih ngedalaken toya ingkang boten kendhat, tansah lumintu nyawisaken toya tumrap titah ingkang mbetahaken. Dene tuk ingkang mapan ing perangan tlatah ingkang gundhul boten saged ngedalaken toya ingkang lumintu wonten wekdalipun toya asat.
Jaman samangke sampun awis-awis pyantun ingkang ngginakaken sendhang, manawi ta wonten toya saking tuk sampun kailekaken ngagem pipa pralon tumuju griya-griya ing ngandhapipun. Kadosdene toya PAM ing Salatiga ingkang asumber saking tuk Senjoyo, ingkang sampun kaproses lajeng kailekaken srana pipa-pipa.
Wonten ugi sendhang ingkang kagem ziarah, upaminipun Sendang Sono ing tlatah Kalibawang, Kilen Progo, DIY. Sendhang mapan ing sakngandhapipun tetuwuhan Sono kang mili tanpa kendhat tansah lumintu, saking pereng ngandhap rereden Menoreh.
Pagesangan panjenengan lan kula ugi saged kaagem dene Sang Akarya minangka sendhang, tuk ingkang ngilekaken toya kabingahan, toya raos tentrem wonten ing bebrayan agung sakiwa tengen. Lah punapa panjenengan ugi kula kadah daya anja, tamtunipun mboten, inggih namung kanthi srana sumarah karsa kaagem dados srana toya wening ing gesang padintenan. Sumangga….
Mboten sedaya wit-witan ageng saged ngedamel sumber toya wening mboten sat lan mboten asin, nggih dik Prih? Sanesipun wit ringin lan papringan, wit-witan punapa ingkang saged nglestariaken sumber toya?
____
Inggih Mbak, emanipun boten kathah pustaka ingkang ngemot katrangan punika. Punika wonten daftar taneman ageng lan dayanipun nyerep CO2
https://informasitanamanhijau.wordpress.com/tanaman-penghijauan/ saking panlitinipun Pak Dahlan.
Salam taklim
SukaSuka
Inggih leres, wit-witan ageng punika penting sanget kangge nyerep lan ngedalaken toya. Ugi saged mbeningaken toya lan ngirangaken polusi ing udara. Kangge ngayomi manuk lan khewan sanesipun.
Inggih ndongakaken kula saged urip kados wit-witan ageng ingkang saged nyebaraken kebecikan damelipun sesami manungsa. Kadosipun toya wening, muga-moga kula saged rukun kaliyan sesaminipun.
_____
Kembeng-kembang malah kepara mrinding maosipun seratan panjenengan……taksih rancak ngagem basa Jawi sinaosa lenggah ing njawi nagari….
Amien, mugi tansah antuk toya wening saking Kang Asumber lan kasagedaken ngluberaken toya wening dhateng sesami.
SukaSuka
Ping balik: Sendang Sono Mengalir Tiada Henti | RyNaRi