Candhak Kulak
Numpak angkota paring wewengan kula pinanggih mawarni-warni penumpang. Punika salah satunggalipun, pinanggih ibu cekap sepuh ngagem sinjang kebaya mangku tenggok alit isinipun ayam sajodho inggih jago kaliyan babon.
“Kagunganipun nggih Bu, bade kasade?”
“Boten Bu, punika kalawau tumbas saking pyantun, bade kula sade dhateng peken Sayangan”
“Saben dinten tindakipun peken nggih Bu?”
“Inggih boten, sakpikantukipun dagangan usum pete inggih mbekta pete, pikantuk pisang inggih mbekta pisang”
Ibu sepuh punika ngendika bilih garwanipun sampun pensiun, para putranipun sampun sami mentas. Panjenenganipun tetep remen bakulan candhak kulak awit punika damel remening manah. Saben-saben pinanggih sanak, nambah sesrawungan. Inggih kagem sarana milining berkahing Gusti, pikantuk bathi sauntawis saged kagem nyekapi kabetahan.
Manawi dipun etang kathahipun paraga candhak kulak estu punika nglancaraken ubenging ekonomi alit. Nyigeg rantai sesadenan ingkang panjang, ingkang kagungan barang dagangan sakedhik boten prelu tindak peken enggal antuk arta. Ingkang bakulan ugi boten prelu mawi pawitan ageng saged antuk dagangan. Arta boten mandeg kedangon awit dagangan enggal-enggal kasade malih. Boten wonten etangan ngentosi regi sae, punapa malih numpuk stok barang.
Ngrembag candhak kulak mekaten ngengetaken dateng prekawis punika:
- Tembung camboran. Candhak kulak minangka salah satunggaling tulada tembung camboran inggih kalih tembung ingkang kadhapuk sesarengan nggadahi teges ingkang jangkep.
- Miturur bausastra Jawi, tembung candhak kulak nggadahi teges “bebakulan kanthi tuku barang dagangan apa wae kanthi pawitan cilik-cilikan banjur enggal-enggal didol maneh”
“Sugeng nindakaken candhak kulak nggih Bu, tansah binerkahan dening Gusti” Nuwun.
Ping balik: Demam Cinderella ala Kebun | RyNaRi
nyuwun ngapunten, typo-nipun mboten leres. Ingkang leres nggih ‘Candhak’
____
typo dados selingan ing babagan nyerat koq..
SukaSuka
Matur nuwun sampun ngelingaken tembung ‘candak kulak’. Endahipun bebakulan candak kulak, hasilipun saged kangge tambahan pamikantukan keluargi lan mbiantu peken tradisional supados saged langgeng.
____
Inggih candhak kulak estu perangan pembangunan ekonomi kerakyatan ingkang tangguh tanggen.
SukaDisukai oleh 1 orang