Nepangaken

Nepangaken

Kepareng nepangaken…. Blog Wijikinanthi punika karantam minangka sarana ‘Ngudi Kawruh Kabudayan Jawi’, kanthi pangajab lumantar seratan postingan antuk tambahan seserapan. Bangsa ingkang adiluhung katitik saking anggenipun nggemeni kabudayanipun. Pangertosan menggah kabudayan boten saged sakdhet saknyet kaindhakaken, inggih hanamung karana sregep ing gegladhen sarananipun, kadya pangandikan Ngelmu iku kalakone kanthi laku

Pamatur nuwun tanpa pepindhan kaaturaken dhumateng para rawuh ingkang kanthi rena kersa maos punapa dene paring tambahing seserapan lumantar komentar. Seratan kadamel gampil miturut kasagedan panyerat. Sadaya kakirangan ing pasugatan racikan seratan punika inggih mijil saking cubluking pangertosan panyerat Wijikinanthi, pramila nyuwung agunging pangaksama sarta paringipun piwucal. Sugeng maos. Nuwun

Salam taklim. Prih, Senin Pon, 19 Januari 2015.

3 Balasan ke Nepangaken

  1. dirawirawan berkata:

    Kula remen sanget maos blog ndamel basa Jawi. Mugi-mugi saget nambah kawruh basa kula. Kanthi punika, kadosipun kula kagungan kepinginan, inggih badhe ndamel blog kados mekaten…:) Mugi-mugi saged maringi manfaat dumateng tiyang kathah lan badan kula piyambak…
    ___
    Mangga-mangga matur nuwun rawuhipun. Mangga sesarengan nyinau basa Jawi. Mugi-mugi ndadosaken sarana berkat kagem sesami miwah panjenengan lan kula. Nuwun

    Suka

  2. kutukamus berkata:

    Waduh! Niki.. blog Jawi!? Mantaf sekali!! Jadi grogi.. 🍸
    ____
    Mangga-mangga sinau sesarengan, punika ugi nembe ajaran….

    Suka

    • wiji berkata:

      nami kulo ugi wiji, nanging dereng saged kromo inggil.
      _____
      Maturnuwun, mangga sesarengan nyinau basa, kula ugi dereng saged, nuwun.

      Suka

Sekar adi saking pamaos