Kegedhѐn Karep Kurang Sregep

Kegedhèn Karep Kurang Sregep

wijikinanthi selapananPamaos Wijikinanthi kang kinabektèn, apa panjenengan kangen karo pasugatan tulisan anyar ing blog iki? Wéladalah géèr kegedhèn rumangsa ana sing ngangeni tulisan…. Ganep rong wulan, blog Wijikinanthi ora atur pasugatan tulisan anyar.

Blog Wijikinanthi iki minangka blog katelu kang dakrancang. Minangka pambarep ya blog rynari.wordpress.com kanggo nulis corétan enthèng saka kebonan, apa baé bisa kacritakna, sing enthèng-enthèng ora usah mikir abot. Blog kapindo, suprihati.wordpress.com karancang kanggo wadah issue kebon uga kanggo madhahi tulisané para taruna kebon. Déné Wijikinanthi.wordpress.com kasedya kanggo ngudi kawruh kabudayan Jawi. Saben blog nduwèni ciri/gènré kang beda, ancase ben ora jumbuh tur nggampangaké update ngisi tulisan anyar.

Lah apa ya nulis iku angèl? Sakjané ya ora, lha gur kari nulis cethak-cethik. Apa kentèkan bahan kang ditulis? Apa manèh stok bahan, lha wong apa waé kang didulu, dirungu, dirasa bisa dadi tulisan. Oo apa kurang wektu ya? Saben titah pinaringan wektu kang padha yaiku 24 jam, kari piyé anggone ngecakké wektu peparing adi iki. Lha sing kurang apa ya? Yaiku kurang sregep…. Dadiné kegedhèn karep kurang sregep….. Muga-muga ing wektu ngarep, sregepé diundhakné sithik karebèn bisa atur pasugatan tulisan anyar.

Apa para pamaos wijikinanthi uga naté ngalami kegedhèn karep kurang sregep, banjur kepriyé carané ngudhari? Mugya kersa paring pangandika tuladha, matur nuwun.

Pos ini dipublikasikan di Kawruh Sapala dan tag . Tandai permalink.

2 Balasan ke Kegedhѐn Karep Kurang Sregep

  1. kutukamus berkata:

    Menopo? Tuladha? Wah, lha niku. Kulo spesialis ngisin-ngisini. Gadhah blog enem—sing setunggal sregep masuk angin, sing gangsal liyanipun malah mboten update babar blas. Alias mboten wonten sing saget dibanggaake, ngoten. Namung kulo tasih gadhah sing tigo perkoro: tresna, percaya lan tenaga (eh niki leres ngangge ‘a’ kan nggih, mboten ‘o’?)

    Sak niki nggih garek sing telu niku modal kulo nge-blog. Pegel, jelas. Puyeng, kerep. Tapi lha wong tasih diparingi kasanggupan, nggih kulo lakoni. Minimal kangge asah diri, sukur-sukur wonten manfaat sih sesami. Sisan jaga-jaga, mbok menawi niku pancen ‘dalan’ sing kudu kulo lampahi. 🙂 Salam.

    Disukai oleh 1 orang

    • rynari berkata:

      Matur nuwun Mas KuKa…lah punika postingan 1,5 warsa kapengker. Estu blog punika ngantos lumuten tanpa update…
      Panjenengan tetep konsisten ngesuhi blog kutu kamus, mbabar pangertosan kagem para pamaos blog ingkang ngorong ing seserepan. Sugeng nyerat teruuuss.

      Disukai oleh 1 orang

Sekar adi saking pamaos