Klambine Siji Arane Akeh

Klambine Siji Arane Akeh

Ana sedulur kang nulis kanthi irah-irahan “klambine mung kuwi wae”.

Lha yen dak suwuni pirsa: “punapa leres nggih Dhimas, ageman panjenengan namung satungal thok thil?”

“Tamtunipun mboten mbakyu, rasukan kula inggih kathah, nanging ingkang asring kula angge koq inggih kaleres rasukan punika, hehe…” “Rasukan jene punika memper kaliyan busana karemenanipun Raden Tumenggung Hanacaraka saking Prancis lho mbakyu…”

Tembung klambi, ageman apadene rasukan, nyebut barang kang padha, mung wae maneka arane. Maneka cak-cakane ana ing pangucap miturut undha-usuking basa saka klambi, rasukan, ageman malah yen katur pyayi pinunjul kaaranan busana.

[lah yen ana wong nesu trus mbengok …. gombale mukiyo, rak gombal ya arane klambi sing wus amoh utawa suwek…]  Malah ana maneh ing pamedhar sabda rikala dhukita, pyayi kang seda, kawastanan “ngrucat sandhangan kadonyan ngrasuk sandhangan kaswargan” …. Klambine siji arane akeh…….. angger trep cak-cakane wae.

Pos ini dipublikasikan di Sekar Setaman dan tag , , , . Tandai permalink.

Satu Balasan ke Klambine Siji Arane Akeh

  1. Ika Koentjoro berkata:

    Maos gombal mukiyo nandang gemujeng kulo mbakyu. Kemutan masa kecil (Nggak bisa alusnya) sok ngorak arik gombal mukio
    ____
    Matur nuwun Jeng Ika, boten punapa Jeng ngagem basa ngoko kemawon…..
    Ngorak-arik klambi, ndadekake Ibu repot nata nglempiti maneh…

    Suka

Sekar adi saking pamaos