Atur Pambagya

Atur Pambagya

Para pamaos ingkang dhahat kinurmatan, sugeng rawuh ing blog Wijikinanthi punika, sugeng pinarak sinambi hangrahabi pasugatan racikan pasinaonan seratan sakwontenipun. Blog punika karantam minangka sarana ‘Ngudi Kawruh Kabudayan Jawi’, kanthi pangajab lumantar seratan postingan antuk wewahing seserapan. Pamatur nuwun tanpa pepindhan kaaturaken dhumateng para rawuh ingkang kanthi rena kersa maos punapa dene paring tambahing seserapan lumantar komentar. Sadaya kakirangan ing pasugatan racikan seratan punika inggih mijil saking cubluking pangertosan panyerat Wijikinanthi, pramila nyuwun agunging pangaksama sarta paringipun piwucal. Sugeng maos. Nuwun

Pos ini dipublikasikan di Sekar Setaman dan tag , . Tandai permalink.

4 Balasan ke Atur Pambagya

  1. kutukamus berkata:

    Nuwun sewu, niki copy-paste saking nginggil..
    “..dalem mboten saged matur kanthi unggah-ungguhing basa ingkang leres..”
    Kok kadosipun kulo sanget..
    _____
    Menawi mekaten uga kula copy paste, panjenengan sedaya saha kula sesarengan kalebet ingkang nembe sinau unggah-ungguhing basa.
    Salam

    Suka

  2. nyoman selem berkata:

    Mbakyu… blog punika sae sanget!
    _____
    Matur nuwun Jeng, lah ini kan ngombyongi blog mboknewage

    Suka

  3. Mechta berkata:

    Ibu…nderek ngangsu kawruh babagan basa jawi wonten ngriki, nggih… Sakderengipun nyuwun pangapunten menawi dalem mboten saged matur kanthi unggah-ungguhing basa ingkang leres… 🙂
    ___
    Matur nuwun Diajeng, sugeng rawuh, mangga kaaturan pinarak. Boten punapa Jeng, sami-sami kepengin sinau, lah Diajeng Mechta sampun langkung rumiyin ndherek nguri-uri basa Jawi. Nuwun

    Suka

Tinggalkan Balasan ke kutukamus Batalkan balasan